Tuesday, February 28, 2017

Pituduh Ngajeni Agama Liya

Cara urip lan ngrasuk agama kang becik kanggo nguggemi ajaran kang diprecaya diugemi, luwar saka fanatisme, piandel kang wuta, dogmatisme, lan intoleransi bisa ngajeni piyandele liyan, ngormati agama kang dirasuk kanti bener. Marang kabeh agama apa bae aja angger ngandel yen agama iku paling bener mung adedasar:
·         Aja ngandel lan manut bae sakwise krungu makaping-kaping (anussava);
·         Utawa adedasar tradisi (paramparā);
·         Utawa adedasar aksioma (gosip, desas-desus, pawarta kang wus sumebar lan dadi kembang lambe menawa ajaran iku paling bener nanging durung mesti) (naya-hetu);
·         Utawa adedasar ngira-ira, aja-aja, gek-gek lan sakpanunggalane (takka-hetu);
·         Utawa adedasar penalaran kang katone apik (naya-hetu);
·         Utawa adedasar pangira-ira kang wus dibolan-baleni (diṭṭhi-nijjhān-akkh-antiyā);
·         Utawa adedasar kaluwihan, kapinteran utawa kadigdayan sawijine pawongan (bhabba-rūpatāya);
·         Utawa adedasar pamikiran, “Si Anu kae guruku, gurune awake dewe” (samaṇo no garū).
Para nupiksa, menawa sira dewe mangerteni; “iki ala; iki luput; iki ora disenengi pra wicaksana; yen disinau lan ditindaake, iki bakal nggawa tumuju mring memala lan kapitunan” mulane tinggalen agama kuwi.

Banjur ajaran apa yen ditindaake tumuju marang kanistan lan kapitunan?

Ajaran kang ngemu keserakahan, sengit-geting lan cubluking nalar pamikiran.

Para nupiksa, yen sira mangerteni; “iki becik; iki ora bisa diluputake; iki dialembana dening pra wicaksana; yen disinau lan ditindaake, iki bakal tumuju myang kabegjan lan kabagyan”, mlebua, dirasuk agama kang mangkana iku.

Ajaran kang ngemu kabegjan lan kabagyan yaiku luwar saka keserakahan, sengit-geting, lan cubluking pamikir.   
·         Papat Panggonan Luhur, yaiku kekancan, tresna asih, gumbiraning ati, lan antenging pikir. Kanti manggon ing pamikiran kekancan, tresna asih, gumbiraning ati, lan antenging pikir ana ing kabeh arah panjuru, kiwa-tengen, ngarep-mburi, ngisor-nduwur, amarga ing kono jumenenging kabeh jalma, ing sak-indenging bawono kanti antenging pamikiran mahanani tentreming wardhaya, semono uga papan panggonane kabeh titah, sakwise mangerteni antenging pamikir sejati, kang luhur ing budi, agung datan winates, kang luwar saka rasa sengit-geting.    
·         Papat Panglipur, kanti duweni pamikiran luwar saka sengit-geting kang mangkono iku. Pikiran luwar saka rereget, sawijine pawongan pikoleh papat panglipuran, ditemoake ing kene lan saiki.
·       Panglipur Sepisan: “sakupama ana urip ing mbesuk lan ana woh lan asil saka pakarti-pakarti becik utawa ala kang wus tau dilakoni. Mbokmenawa bisa bae sakwise musnane raga iki, aku dilairake ing swargaloka, kang kebak ing kabagyan”.
·       Panglipur Kapindo; “sakupama ora ana urip ing mbesuke lan ora ana woh asil, saka pakarti-pakarti becik utawa ala kang wus ndak tindaake. Sanadjan mangkono, ing urip iki, ing kene lan saiki, amarga luwar saka serik-geting, aku njaga awakku bisa aman lan sehat, sarta ngrasaake kabagyan”.  
·       Panglipur Katelu: “sakupomo bae, saka asil pakarti ala lan nista bakal tumama myang kang nindaake kaluputan, nanging aku ora nduweni pamikiran lan nindaake pakarti ala lan nista marang sapa bae. Mula saka iku, kepiye asil-asil tumindak ala lan nista bisa tumama mring awakku kang ora nindaake pakarti candala iku?”.

·       Panglipur Kaping Papat: “upama bae, asil-asil woh saka pakarti candala ora tumama mring kang nindaake. Mula aku weruh awakku murni saka tumandang kang kaya mangkono iku, resik sak-kabeh’e”.

Ehipassiko  (Teka lan Pirsanana)
svākkhāto bhagavatā dhammo sandiṭṭhiko akāliko ehipassiko opanayiko paccattaṃ veditabbo viññūhī’ti
Ajaran wus sampurna dibabarake dening Sang Bhagawa, katon cetha, tan winates ing wektu, ngundang kanggo dibukteake, patut diarahake ing sakjroning batin, bisa dimangerteni dening pra wicaksana ing sakjroning batine dewe-dewe.
Ukara ehipassiko asale saka tembung basa Pali yaiku ehipassika (Skt: ehipaśyika) kang dumadi saka 3 ukara yaiku ehi (moro), passa (weruh) lan ika (sufiks) teges lumrah  ”ehipassika” yaiku moro lan weruh. Cekak aose ehipassiko uga bisa nduweni teges “ngundang kanggo dipirsani”, kanti pangerten “dipirsani” saka pakarti verifikasi utawa naliti utawa panaliten.

Saka weruh lan mangerteni bener orane ajaran agama Iku lagi bisa mangerteni menawa agama kang di rasuk iku bener, mula tembung Ehipassiko iki pas lan trep banget anggone pada sinau ing babagan bebener kang sejati.

Mangkono ular-ular kang sithik muga bisa ana gunane kanggo para nupiksa kabeh.
Mugya rahayu sagung dumadi
santi santi santi


(Artikel iki katulis mawa basa ngoko kanti panjangka sanak kadang Jawa kang ana ing manca kayadene ing Suriname, Walanda, New Caledonia lan sakpanunggalane bisa mangerteni, lan jurung pamujiku kabeh pada basuki rahayu. Luwih becik lan apik yen para nupiksa kersa paring kometar kanggo mbenerake artikel iki)